Kènalan
Dulur,
Blog iki digawe kanggo kabeh penggemar jula-juli kidungan karo dagelanè cak Kartolo, cak Basman, cak Sapari, cak Sokran lan Ning Tini soko Ludruk Sawunggaling. Kanggo tombo kangen karo kesenian dan kebudayaan Suroboyo.
Kanggo sampeyan-sampeyan sing duwe kumpulan dagelan Cak Kartolo liyane, monggo ojo sungkan-sungkan dibagi-bagi nang Blog iki.
Yu Painten kleleken cendelo,
Cekap sèmanten piatur kulo.

welgedewelbeh
Matur suwun cak ….. wah isok ngobati kangen nang Suroboyo ki …. btw, wes ijin cak kartolo de ka ka tha ?
Cak Mul,
Awak dhewe gurung oleh ijin soko cak kartolo,
tapi itung-itung melestarikan budaya lah
Sak durungi di embat bongso liyane …
wah lucu rek, tombo kangen cak
Kulo nuwun, iki lo cak lek pengen Download MP3-ne Cak Kartolo CS, limayan iso gawe rengeng-rengeng karo nyabot gawe.
http://tommybudiawan.com/2008/05/download-banyolan-kartolo-cs/
update link kartolo : http://blog.tommybudiawan.com/kategori/kartolo
carane nyetel suoro yok opo ker
Dulur,……..
Males ah’ pake download…….
Pengennya liat langsung ludruk nya ajah…….
para oreng muda sih jelas masih doyan ama ludrukan kartolo cs. krn gak lekang di makan jaman tapi masalahnya kalo mau liat lsg di mana ? kapan ?……
Lha ini tantangan buat cak kartolo cs…….
Saran : cak kartolo bikin road to campus donk….. keliling dari kampus ke kampus…… pasti laku. jangan cuma di JTV and nunggu di tanggep orang ajah……..
But…… sukses deh buat cak kartolo cs…… And mana buk marlenanya…….???????
Cak, lek iso digae file MP3 tur iso diunduh mbarek konco-konco. Sebab akeh dulur-dulur sing gagap tekhnologi, ora isok ngrungokno lucune cak Kartolo. Iso’e mek mbukak komputer thok. Dikandani internet jarene eternit. Aku dewe cek iso nganggur-nganggur mbarek ngrungokno karo hp. Sip kan?
Mugo2 sampean rungokno suworone rakyat ini cak..
wah..ngelingno aku jik jaman SMA karo kuliahan nang Suroboyo tahun 80 an, waktu iku aku melok ludruk SMAN V sampe kuliah yo jik ludrukan, sing digawe patokan ngludruk yo guyone kartolo iki
salut gawe sing duwe ide…ngomomg2 nek nang Jakarta tuku nang endi yo kasete cak Kartolo iki..
cuma carane ngrungokno yok opo rek??? aku jik gaptek
santen tuyo klopo
Namung semanten gadan kulo
Kapan yo ono Ludrukan Seng iso ngganteni nggetingnoe cak blontang, suoro enake cak sngkran, centile yu tini, gede irunge cak basman, lucune cak kartolo, lan sak liyo-liyone……..!!!!
WADUH ANGELE BANYOLANE SAMPEAN ( CAK KARTOLO ) DI DOWNLOAD PIYE TOH PADAHAL AKU KEPENGEN BANGET NGRUNGOKE
Yoyok arek Pakis
Cak , yok opo kiro-kiro .sopo sing bakal nerusno budayane jawa timur khusus e suroboyo .yo iki ludruk barek kidungan ne . arek saiki podho seneng budaya sing import cak , saiki tugase awake dewe yo opo carane ndadekno ludruk iki iso o diterimo kalangan arek nom noman .lek dudu arek2x jawa timur khusus e arek suroboyo terus sopo cak sing nglestarek no cak ,
Impian ku iso”o ludruk populer .koyok Lenong Betawi , Ketoprak , wayang kulit lan liya 2x ne .
waduh gak iso ngomong cak. ngrungokno sampek ngguyu kekel. sampe loro weteng ku
Ludruk ojo sampe musnah rek.Paling nggak cak Tolo sik mbanyol.
huahhaaa…ha…ha..ha… wis pancene faforitku iku yo ‘blontang, baseman en kartolo, lek ngrungok no dewe ndik laptop aku iso nggegek dewe dimana pun berada…waduh lha tambah koyo’ wong gendeng yo…heee..he..he.. tapi gak popo asal gak gendeng temen rek….sing penting iso loro weteng mergo ngguyu….
aku arep nggolek video rekamane sawunggaling cs sing mbiyen tau tampil nok TVRI ambek personil sing sik komplit ono Cak Katrol, Cak Bajul, Cak Sapira, Cak Sorokan, Cak Munawar lan Ning Tini plus Cak Blonthang. Opo sih ono yo? Nek sih ono ojo medit bagi2 ambek lare2 niki sing isih tergendeng2 karo banyolane Kartolo Cs sing ora lekang karo jaman sing sik lucu ae masio ta diputer bola-bali. Suwun Cak!
Kanggo Cak Kalonthong lan Cak Saripa dhewe sing mampir lan moco website iki: HORAS BAH!
Cak Kartolo uancen maestro,rek.Cak Kartolo maskot Jawa Timur…ayo terus lestarino ludruk nang Jawa Timur.Salam hormat buat Wak Kaji Kartolo…….:-)
Cak Kartolo pancene top. Angger ngrungokno dagelane Cak Kartolo, pasti dijamin kepingkel-pingkel. Anakku ae sing gak patek iso boso jowo, dadi melok seneng saiki nang dagelane Cak Kartolo. Pengen tak koleksi sak akeh-akeh e dagelane Cak Kartolo, tapi aku kesulitan nggolek e. Yok opo Rek, ono solisi ta? Itung-itung gae ngenalno anakku nang budaya suroboyoan, sekaligus kanggo tombo kangenku nang suroboyo, Cak. Aku manggon ndek mBali Rek, jarang mulih nang Suroboyo.
Cak Kartolo pancene top. Angger ngrungokno dagelane Cak Kartolo, pasti dijamin kepingkel-pingkel. Anakku ae sing gak patek iso boso jowo, dadi melok seneng saiki nang dagelane Cak Kartolo. Pengen tak koleksi sak akeh-akeh e dagelane Cak Kartolo, tapi aku kesulitan nggolek e. Yok opo Rek, ono solusi ta? Itung-itung gae ngenalno anakku nang budaya suroboyoan, sekaligus kanggo tombo kangenku nang suroboyo, Cak. Aku manggon ndek mBali Rek, jarang mulih nang Suroboyo.